Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya PDF Bahasa Jawa Tentang Tangis Nabi Muhammad SAW Mengguncang Arsy

- Jumat, 22 Juli 2022 | 06:00 WIB
Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya PDF Bahasa Jawa Tentang Tangis Nabi Muhammad SAW Mengguncang Arsy (Pixabay/suhailsuri)
Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya PDF Bahasa Jawa Tentang Tangis Nabi Muhammad SAW Mengguncang Arsy (Pixabay/suhailsuri)

Kenging menopo sanes Allah langsung ingkang tanglet dhateng kekasih-ipun? Kenging menopo kedah lewat Jibril? Menopo hikmahipun?

Allah badhe nuduhaken dhateng Jibril, sedaya malaikat, jin, manungsa bahkan dhateng sedaya makhluk bilih Muhammad inggih meniko “kekasihipun Allah”.

Mila lajeng Malaikat Jibril mandhap manggihi Kanjeng Nabi Muhammad lan matur: “Yaa Habiballah. Saestunipun Allah pengeran panjenengan ngintun salam dhateng panjenengan lan nangletaken menopo ingkang ndamel panjenengan nangis?”

Baca Juga: Contoh Khutbah Jumat Bulan Muharram PDF Tentang Keistimewaan Muharram dan Hikmah Hijrah

Kanjeng Nabi Muhammad lajeng mangsuli:

“Wahai Jibril, ingkang ndamel aku nangis, aku kelingan ucapan terakhir dulurku ‘Isa Ibnu Maryam (Nabi ‘Isa As) saderengipun diangkat dening Allah Swt ingkang wonten lebeting al Qur’an surah Al Maidah Ayat 118

إِنْ تُعَذِّبْهُمْ فَإِنَّهُمْ عِبَادُكَ ۖ وَإِنْ تَغْفِرْ لَهُمْ فَإِنَّكَ أَنْتَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ

“Bilih penjenengan nyiksa piyambakipun sedaya, mila saestunipun piyambakipun sedaya inggih meniko kawulo-kawulo nipun jenengan, lan bilih jenengan mengampuni piyambakipun sedaya, saestunipun engkaulah ingkang maha perkasa, maha bijaksana”.

Wahai Jibril, kaliyan ngucap ‘Isa meniko nandhakaken bilih Nabi Isa lepas tangan dhateng urusan ummat-ipun, mboten purun tanggung jawab malih, sedaya urusan ummat-ipun sampun dipun pasrahaken dhateng Allah. Menopo Allah badhe nyiksa utawi paring pangapuro.

Nanging aku wahai Jibril, saestunipun mboten purun pisahan kaliyan umatku ing donya meniko menawi mboten wonten jaminan kawilujengan damel umatku saking Allah”.

Baca Juga: Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya Tentang Haji Wada' Rasulullah dan Pesan Persatuan

Jamaah shalat jum’at rahimakumullah, atas piwangsulan Nabi Muhammad kasebat, pungkasanipun malaikat Jibril wangsul lan lapor dhateng Allah terkait pepanggihanipun kaliyan habibullah Muhammad, padahal Allah langkung sumerep menopo sejatosipun ingkang dipun alami kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Lajeng Jibril dipunutus mandhap wangsul lan mbekta setunggal surah lebeting al qur’an inggih meniko surah ad Dhuhaa. Sasampunipun Jibril bibar maos surah meniko, lajeng Jibril mengulang-ulang ayat 5.

وَلَسَوْفَ يُعْطِيكَ رَبُّكَ فَتَرْضَىٰ

“Lan tenane, mengko pengeranmu mesthi menehake karunia marang Siro Muhammad, saengga siro dadi puas”.

Halaman:

Editor: Gita Esa Hafitri

Tags

Artikel Terkait

Terkini