Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya PDF Bahasa Jawa Tentang Tangis Nabi Muhammad SAW Mengguncang Arsy

- Jumat, 22 Juli 2022 | 06:00 WIB
Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya PDF Bahasa Jawa Tentang Tangis Nabi Muhammad SAW Mengguncang Arsy (Pixabay/suhailsuri)
Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya PDF Bahasa Jawa Tentang Tangis Nabi Muhammad SAW Mengguncang Arsy (Pixabay/suhailsuri)

Mila Kanjeng Nabi Muhammad mireng Jibril mengulang-ulang ayat meniko, mila kanjeng Nabi wangsul nangis lan sujud syukur.

Lami Kanjeng Nabi lebet sujud-ipun nangis, lajeng tangi ngadep Jibril lan Kanjeng Nabi matur:

“Wallaahii Yaa Jibril, Walladzii Nafsu Muhammadin Bi Yadihi, Laa Ardha Wa Wahidun Min Ummati Yudzhibu Fiin Naar.”

Baca Juga: Teks Khutbah Jumat Lengkap dengan Doanya PDF Tentang Tangis Nabi Muhammad SAW Mengguncang Arsy

Demi Allah wahai Jibril, lan demi jiwa Muhammad ingkang wonten genggaman kekuwaosanipun:

Kula mboten badhe nate Ridha, kula mboten badhe nate remen, kula mboten badhe nate bingah.

Napa mawon ingkang Allah badhe paringaken kalih kula menawi mangke ing akhirat taksih wonten ummat kula ingkang disiksa ing neraka jahannam sanadyan namung setunggal tiyang.

Jamaah shalat jum’at rahimakumullah, meniko lah bentuk katresnan lan welas asih Kanjeng Nabi Muhammad dhateng Kito ummatipun. Ucapan Kanjeng Nabi inggih meniko hakikat tafsir ayat 107 surah al Anbiyaa:

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

“Oraa kito ngutus siro (Muhammad) ananging dadi rahmat nggo kabehing alam”.

Jamaah shalat jum’at rahimakumullah, kados meniko tresnanipun Nabi Muhammad dhateng umatipun ngantos nyuwun jaminan dhateng Allah SWT supados mengampuni sedaya umatipun.

Baca Juga: Teks Khutbah Jumat Tahun Baru Islam 1444 H PDF: Tahun-Tahun yang Penuh Penyesalan

Pramila, Sumonggo Kito tunjukaken menawi Kito ugi nresnani Nabi Muhammad kados piyambakipun nresnani umatipun.

Kito tunjukaken raos tresna kaliyan asring-asring maos sholawat, nglampahaken sedaya wucalan Islam ingkang dipunbekta dening Rasulallah SAW meniko.

Kelawan mekaten, mugi-mugi Kito sami dipunakeni dados umatipun lan angsal syafaat ing dinten kiamat benjang. Amin.

Halaman:

Editor: Gita Esa Hafitri

Tags

Artikel Terkait

Terkini

Link PDF Pengumuman OSN SMP 2023 Klik Disini

Selasa, 30 Mei 2023 | 14:23 WIB